Selasa, 05 November 2013

Tuladha

atur pangandikan saking ketua panitia

Assalamu’alaikum wr wb
Ingkang kulo hormati poro sesepuh lan tini sepuh linangkung wonten ing ngarsanipun Bapak kepala dusun, Bapak Isdi, Bapak RT 3, 4, lan ugi simbah kaum Mbah Mardi Sumarto.
Ingkang kulo hormati ugi bapak2 lan ibu2 ingkang wonten ing ndalu menika saged rawuh wonten ing papan mriki.

Kanca-kanca pemuda pemudi ingkang tansah kulo hormati ugi
Alhamdullillahirobilngalamin, bilih wonten ing ndalu menika kita sedoyo saget kempal manunggal wonten ig papan mriki kanthi kebak ing karaharjan kawit barokah saking Allah SWT, solawat soho salam mboten kesupen kagem nabi agung Muhammad SAW.
Para bapak ibu, kadhang-kadhang  pemuda ingkang tansah kulo hormati, kepareng kulo matur minangka badhan wakil sedhoyo kanca-kanca panitia, ingkang:
 1. Kulo aturaken agunging panuwun awit kerawuha panjenengan sami
2. Dene wigatosipun panjengan sami kasuwun wonten ing papan mriki, karana lare-lare pemuda kepengen sanget ngawontenaken syawalan wonten ing  taun 2013 punika sareng-sareng  kalihan bapak-bapak, ibu-ibu serta sedoyo warga wonten ing RT 3 4. Kanthi menika ing mbok bilih sarujuki saestu sedaya lare-lare  pemuda/i nyuwun dukungan ipun sae menika wonten ing babagan pengalihan, tenaga, menapa malih wonten ing baba bea(biaya).
Bapak-bapak ibu kadhang-kadhang  kulo sedoyo, kados mekaten ingkang saget kulo aturaken minongko wakil sedoyo kanca-kanca . wonten lepat kulo saestu kulo nywun pangapunten.

Akhir salam kulo, wassalamu’alaikum wr wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Contoh Teks Moderator Seminar dan Workshop

Terima kasih kepada pembawa acara yang telah memberikan waktu kepada saya. Saya disini sebagai moderator, akan memandu jalannya se...